Selasa, 29 Oktober 2013


Nama               : Ana Rochmawati
Nim                 : 11205241005/ A PBD
(Straight news)


Petani Desa Putat ngeruk kalen   kanthi
Gotong-royong

Minggu (14/9) Petani Desa Putat, selopamioro ngadani gotong-royong ngeruk selokan sak pinggire omah-omah warga. Menika wau dipun jlentrehaken dening petani Putat kasebat. Gotong-royong ngeruk kalen menika penting sanget kangge mujudaken program panca usaha tani kangge ngelengaken para petani milih bibit varias unggul tahan wereng, anggenipun ngolah lemah, banyunipun kacukupan, pemukanipun berimbang lan pemberantasan hama. Bibar panen sakmenika para petani dipun anjuraken nandur plawijo kangge medhot derbalane ama wereng.
Kangge ngeruk kalen  desa 40 petani lan sadurungipun dipun keruk kalenipun dipun sat, kangge gampangaken ngeruk. Kagiatan kasebat bakal katindakaken kanthi ajeg, amargi ing mangsa katiga yen selokanipun reget banyu boten lancer. Dipun ajab sarampungipun pengerukan kalen wau banyunipun saged ngoncori sawah ing Desa Putat wontwn 100 hektar.
            

TUGAS JURNALISTIK


Nama               : Ana Rochmawati
Nim                 : 11205241005/ A PBD
(News Feature)

Gule Balung (Lelung) Jodog
Nikmat kangge Dhahar Siang

Sabtu (10/09) Kang seneng wisata kuliner wajib ngicipi Gule Balung ing Dhusun Jodog, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Yogyakarta. Gule balung kanthi cekakan lelung menika sampun kondhang ing antaranipun masyarakat Bantul sakiwa tengenipun. Nithili lan ngrokoti daging empuk kang isih nemplek ing sela-selane balung wedhus, lan nyerot sumsume nuwuhaken rasa kang ora bias kalalekake. Nyruput duduh gule kenthel kang kacawisaken bareng kalih balungan saged nambahi rasa nikmat. Serotan plastik kang kang katugel cendhak sampun cumawis ing meja, dipun ginakaken kangge nyerot sumsum lembut ing njeron balungan. Saporsi lelung cacah 6 ngantos 7, kagrujug duduh  gule kenthel, seger, gurih, lan ora gawe eneg. Saporsi lelung kacawisaken komplit kalian sega anget kang dipun wadahi wakul, saporsi lalapan (kubis, timun, tomat, sambel kecap). Lelung luwih nikmat dipun nikmati karo segelas jeruk utawi teh anget, utawi katambah es mithurut kesenenganipun piyambak-piyambak. Maneka balung kang kacawisaken antaranipun balung ika buntut, lan sumsum. Ing antaranipun balungan wau taksih wonten saperangan daging kang nemplek. Thetelan daging ing balungan wau kraos empuk, lan gampang ucul saking balungan. Mbutuhaken wektu pirang-pirang jam kangge ngolah lan ngasilaken thetelan daging kang empuk. Ibu Mujilan Lan Bapak Wardoyo, pedagang gule Balung Jodog mratelakaken menawi daging thetelan kudu dipun olah migunakaken luweng bata supadosnngasilaken panas kang maksimal lan saged ngolah daging supados teksturipun empuk lan lembut.

http://tourjogja.com/foto/foto_berita/42lelung_main.jpg

Ibu Mujirah lan Bapak Wardoyo nglayani para konsumenipun ing warung prasaja kanthi tembok, uga lincak piring. Sawasananipun khas padhusunan ugi katon ing lingkungan sakiwa tengenipun warung Lelung Jodog kanthi sesawangan sawah ing sisih mburi, adhep-adhepan karo pawone Ibu Mujirah. Babagan mula bukane mbukak warung Gule Balung Jodog, Bapak Wardoyo lan Ibu Mujirah mratelakaken, “ Sepisanan ngolah lelung namung njajal. Kanthi upaya, tekat, lan panyengkuyung maneka pihak, usahanipun malih kasil lan kathah dipun goleki masyarakat saking njero lan jaban dhaerah, pretelanipun Ibu Mujirah.
Sanajan nyawisaken menu liyanipun kanyata sate, tongseng, sega goring, wedhus, gule balung tetep dadi panganan paling laris lan dipun goleki konsumen. Ibu Mujirah ingkang mbikak warung ing lor dalan ing Jalan Srandakan, Bantul menika ngantekaken balungan cacah 25 ngantos tekan 30 kilogram saben dinanipun. Balungan wau dipun tekakaken saking Bantul lan dhaerah sakiwa tengenipun. Gule balung migunakakenbumbu gule kaya salumrahipun. Kangge mantepaken raos pedhes lan anget. Bias katambah bumbu kanyata : tumbar, merica, jinten, kayu manis, kapulaga, Lombok, kunir, jahe kang kacampur lan kauleg alus. Ganda balung wedhus ing lelung Jodog boten prengus utawi amis. Maneka cara dipun ginakaken Ibu Mujirah kangge ngilangi ganda boten sedhep wau, antaranipun ngumbah balung runge dipun godhog, bumbu dipun campuri kates enem. Kang mbedakaken karo gule ing papan liya, Ibu MUjirah lan Bapak Wardoyo migunakaken cara mirnggan kangge ngilangaken raos utawi ganda pengus khas wedhus. Ibu Mujirah lan Bapak Wardoyo saged nyulap ganda prengus balung land aging wedhus dadi gelu balung kang gurih. Lemake boten perlu dipun katutaken. Warung lelung Pak Wardoyo ugi sampun kerep dados langganan saperangan masyarakat Yogyakarta lan sakiwa tengenpun. Gule balung cocog dipun nikmati wanci dhahar siang. Manawi boten kepingin kentekan gule balung, aja teka kesorean. Sinten kemawon kang kepingin ngicipilelung jodog Pak Wardoyo saged tindak langsung wonten ing Jodog, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Yogyakarta.

http://www.tembi.net/selft/0000/makanyuk/20080413/1.jpg
Saking kutha Bantul njupuk arah ngidul ngantos tekan Palbapang, ngilen, nganti pretelon JOdog, ndelok sisih lor dalan, papanipun mung sa kulon protelon Jodog. Warung Lelung Jodog buka saka jam10 esuk nganti tekan jam 8 bengi kanthi rega 8.000 rupiah saben porsi.