Senin, 11 November 2013

TRUNYAN



Nama   : Ana Rochmawati
NIM    : 11205241005
Kelas   : PBD 2011 / A

Feature
DESA TRUNYAN
http://www.balivillarupiah.com/gambar/1320trunyan-village-bali1.jpgDesa Trunyan inggih menika salah satunggaling desa kuna wonten ing tepi danau Batur, Kintamani Kabupaten Bangli. Desa menika salah satunggaling desa Bali Aga. Bali menika saking kahuripan masyarakat ingkang unik lan menarik Bali Aga inggih menika ingkang nggadahi pangertosan tiyang Bli wonten ing pegunungan, salajengipun Bali Mula nggadahi pangertosan Bali asli. Kabudayan tiyang Trunyan menika kedah nggambaraken salah satunggaling pola kabudayan petani ingkang konservatif. Trunyan wonten ing bali menika saking babagan folk etimologi, warga masyarakat wonten ing Trunyan kedah nyiapaken diri lan jati diri piyambakipun wonten kalih versi. Antawisipun, ingkang sepisan tiyang Trunyan inggih menika tiyang Bali turunan, amargi tiyang Bali menika percaya bilih leluhuripun medhak saking langit ing bumi. Trunyan raket kaliyan perkawis menika, tiyang Trunyan nggadahi salah satunggaling mitos utawi dongeng ingkang suci babagan asal-usulipun warga masyarakat Trunyan inggih menika kadosta Dewi ingkang medhak saking langit.
            Versi  kaping kalih, inggih menika tiyang Trunyan nggadahi kahuripan  ing sistem ekologi wontenipun uwit Menyan, inggih menika ingkang nyebaraken ganda wangi-wanginipun. Saking satunggaling tembung “taru” lan “menyan” menika ngembangaken tembung Trunyan ingkan dipun agem nama desa lan nama warga masyarakat wonten ing desa kasebat.
            Desa Trunyan menika nggadahi letak wonten ing pinggir wetan danau Batur, letakipun menika langkung angel dipun jangkau. Mergi menika saking Pnelokan, Kintamani namung tumuju wonten ing desa Kedisan. Saking Kedisan tumuju wonten desa Trunyan tiyang kedhah nyebrang danau Batur 45 menit ngginakaken parahu motor utawi 2 jam menawi ngginakaken perahu lesung ingkang dipun gerakaken kaliyan dayung. Namung ugi saged dipun jangkau migunakaken jalan darat, liwatipun jalan ingkang setapak lajeng desa Buahan Lan Abang  menawi badhe wonten Trunyan.
Hawa udaranipun desa Trunyan langkung adem, suhunipun kirang langkung 17 derajat celcius lan saged medhak dados 12 derajat celcius. Danau Batur menika ukuranipun panjang 9km lan lebar 5km, salah satunggaling sumber air lan sumber kahuripan wonten ing pagesangan tiyang Bali lor lan wetan.
The dead body which is placed on the ground is not smelly

Miturut spesifikipun, wonten ing kapercayan tiyang Trunyan menika babagan penyakit lan kematian, kedhah wonten caranipun pemakaman. Wonten 2 inggih menika:
1.      Jenazah menika dipun samektakaken wonten ing ngisor udara  kabukak ingkang dipun sebat kaliyan istilah mepasah. Tiyang ingkang dipun makamaken kaliyan cara mepasah inggih menika tiyang ingkang pejahipun sampun nggadahi keluwarga, tiyang ingkang tasih muda lan tasih alit ingkang waosipun sampun medal.
2.      Dipun kubur utawi dipun kebumiake. Tiyang ingkang dipun kubur sasampunipun pejah inggih menika tiyang ingkang awakipun cacat, utawi pejahipun wonten luka ingkang dereng mari antawisipun sakit cacar, lepra, lsp.Tiyang ingkang  pejahipun boten wajar kadasta dipateni utawi mateni awakipun piyambak kedah ugi dipun kubur. Tiyang alit ingkang waos susunipun dereng katingal ugi pejahipun dipun kubur.

Kangge kaperluan pemakamanipun wonten ing desa Trunyan nggadahi 3 kuburan inggih menika:
1.      Sema Wayah ingkang  pemakamanipun kangge jenis mepasah ( dipun samektakaken wonten ing nduwur lemah )
2.      Sema Bantas, ingkang pemakamaanipun kangge penguburan ( dipun kubur wonten ing njero lemah 0.
3.      Sema Nguda, ingkang kangge 2 pemakaman inggih menika mepasah lan ingkang dipun kubur syaratipun ingkang dipun kubur dereng akhir balik utawi dereng dewasa.


 


Selasa, 29 Oktober 2013


Nama               : Ana Rochmawati
Nim                 : 11205241005/ A PBD
(Straight news)


Petani Desa Putat ngeruk kalen   kanthi
Gotong-royong

Minggu (14/9) Petani Desa Putat, selopamioro ngadani gotong-royong ngeruk selokan sak pinggire omah-omah warga. Menika wau dipun jlentrehaken dening petani Putat kasebat. Gotong-royong ngeruk kalen menika penting sanget kangge mujudaken program panca usaha tani kangge ngelengaken para petani milih bibit varias unggul tahan wereng, anggenipun ngolah lemah, banyunipun kacukupan, pemukanipun berimbang lan pemberantasan hama. Bibar panen sakmenika para petani dipun anjuraken nandur plawijo kangge medhot derbalane ama wereng.
Kangge ngeruk kalen  desa 40 petani lan sadurungipun dipun keruk kalenipun dipun sat, kangge gampangaken ngeruk. Kagiatan kasebat bakal katindakaken kanthi ajeg, amargi ing mangsa katiga yen selokanipun reget banyu boten lancer. Dipun ajab sarampungipun pengerukan kalen wau banyunipun saged ngoncori sawah ing Desa Putat wontwn 100 hektar.
            

TUGAS JURNALISTIK


Nama               : Ana Rochmawati
Nim                 : 11205241005/ A PBD
(News Feature)

Gule Balung (Lelung) Jodog
Nikmat kangge Dhahar Siang

Sabtu (10/09) Kang seneng wisata kuliner wajib ngicipi Gule Balung ing Dhusun Jodog, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Yogyakarta. Gule balung kanthi cekakan lelung menika sampun kondhang ing antaranipun masyarakat Bantul sakiwa tengenipun. Nithili lan ngrokoti daging empuk kang isih nemplek ing sela-selane balung wedhus, lan nyerot sumsume nuwuhaken rasa kang ora bias kalalekake. Nyruput duduh gule kenthel kang kacawisaken bareng kalih balungan saged nambahi rasa nikmat. Serotan plastik kang kang katugel cendhak sampun cumawis ing meja, dipun ginakaken kangge nyerot sumsum lembut ing njeron balungan. Saporsi lelung cacah 6 ngantos 7, kagrujug duduh  gule kenthel, seger, gurih, lan ora gawe eneg. Saporsi lelung kacawisaken komplit kalian sega anget kang dipun wadahi wakul, saporsi lalapan (kubis, timun, tomat, sambel kecap). Lelung luwih nikmat dipun nikmati karo segelas jeruk utawi teh anget, utawi katambah es mithurut kesenenganipun piyambak-piyambak. Maneka balung kang kacawisaken antaranipun balung ika buntut, lan sumsum. Ing antaranipun balungan wau taksih wonten saperangan daging kang nemplek. Thetelan daging ing balungan wau kraos empuk, lan gampang ucul saking balungan. Mbutuhaken wektu pirang-pirang jam kangge ngolah lan ngasilaken thetelan daging kang empuk. Ibu Mujilan Lan Bapak Wardoyo, pedagang gule Balung Jodog mratelakaken menawi daging thetelan kudu dipun olah migunakaken luweng bata supadosnngasilaken panas kang maksimal lan saged ngolah daging supados teksturipun empuk lan lembut.

http://tourjogja.com/foto/foto_berita/42lelung_main.jpg

Ibu Mujirah lan Bapak Wardoyo nglayani para konsumenipun ing warung prasaja kanthi tembok, uga lincak piring. Sawasananipun khas padhusunan ugi katon ing lingkungan sakiwa tengenipun warung Lelung Jodog kanthi sesawangan sawah ing sisih mburi, adhep-adhepan karo pawone Ibu Mujirah. Babagan mula bukane mbukak warung Gule Balung Jodog, Bapak Wardoyo lan Ibu Mujirah mratelakaken, “ Sepisanan ngolah lelung namung njajal. Kanthi upaya, tekat, lan panyengkuyung maneka pihak, usahanipun malih kasil lan kathah dipun goleki masyarakat saking njero lan jaban dhaerah, pretelanipun Ibu Mujirah.
Sanajan nyawisaken menu liyanipun kanyata sate, tongseng, sega goring, wedhus, gule balung tetep dadi panganan paling laris lan dipun goleki konsumen. Ibu Mujirah ingkang mbikak warung ing lor dalan ing Jalan Srandakan, Bantul menika ngantekaken balungan cacah 25 ngantos tekan 30 kilogram saben dinanipun. Balungan wau dipun tekakaken saking Bantul lan dhaerah sakiwa tengenipun. Gule balung migunakakenbumbu gule kaya salumrahipun. Kangge mantepaken raos pedhes lan anget. Bias katambah bumbu kanyata : tumbar, merica, jinten, kayu manis, kapulaga, Lombok, kunir, jahe kang kacampur lan kauleg alus. Ganda balung wedhus ing lelung Jodog boten prengus utawi amis. Maneka cara dipun ginakaken Ibu Mujirah kangge ngilangi ganda boten sedhep wau, antaranipun ngumbah balung runge dipun godhog, bumbu dipun campuri kates enem. Kang mbedakaken karo gule ing papan liya, Ibu MUjirah lan Bapak Wardoyo migunakaken cara mirnggan kangge ngilangaken raos utawi ganda pengus khas wedhus. Ibu Mujirah lan Bapak Wardoyo saged nyulap ganda prengus balung land aging wedhus dadi gelu balung kang gurih. Lemake boten perlu dipun katutaken. Warung lelung Pak Wardoyo ugi sampun kerep dados langganan saperangan masyarakat Yogyakarta lan sakiwa tengenpun. Gule balung cocog dipun nikmati wanci dhahar siang. Manawi boten kepingin kentekan gule balung, aja teka kesorean. Sinten kemawon kang kepingin ngicipilelung jodog Pak Wardoyo saged tindak langsung wonten ing Jodog, Gilangharjo, Pandak, Bantul, Yogyakarta.

http://www.tembi.net/selft/0000/makanyuk/20080413/1.jpg
Saking kutha Bantul njupuk arah ngidul ngantos tekan Palbapang, ngilen, nganti pretelon JOdog, ndelok sisih lor dalan, papanipun mung sa kulon protelon Jodog. Warung Lelung Jodog buka saka jam10 esuk nganti tekan jam 8 bengi kanthi rega 8.000 rupiah saben porsi.