Nama
: Ana Rochmawati
NIM : 11205241005
Kelas
: PBD 2011 / A
Feature
DESA TRUNYAN

Versi kaping kalih, inggih menika tiyang Trunyan
nggadahi kahuripan ing sistem ekologi
wontenipun uwit Menyan, inggih menika ingkang nyebaraken ganda wangi-wanginipun.
Saking satunggaling tembung “taru” lan “menyan” menika ngembangaken tembung
Trunyan ingkan dipun agem nama desa lan nama warga masyarakat wonten ing desa
kasebat.
Desa Trunyan menika nggadahi letak
wonten ing pinggir wetan danau Batur, letakipun menika langkung angel dipun
jangkau. Mergi menika saking Pnelokan, Kintamani namung tumuju wonten ing desa
Kedisan. Saking Kedisan tumuju wonten desa Trunyan tiyang kedhah nyebrang danau
Batur 45 menit ngginakaken parahu motor utawi 2 jam menawi ngginakaken perahu
lesung ingkang dipun gerakaken kaliyan dayung. Namung ugi saged dipun jangkau
migunakaken jalan darat, liwatipun jalan ingkang setapak lajeng desa Buahan Lan
Abang menawi badhe wonten Trunyan.
Hawa
udaranipun desa Trunyan langkung adem, suhunipun kirang langkung 17 derajat
celcius lan saged medhak dados 12 derajat celcius. Danau Batur menika
ukuranipun panjang 9km lan lebar 5km, salah satunggaling sumber air lan sumber
kahuripan wonten ing pagesangan tiyang Bali lor lan wetan.

Miturut
spesifikipun, wonten ing kapercayan tiyang Trunyan menika babagan penyakit lan
kematian, kedhah wonten caranipun pemakaman. Wonten 2 inggih menika:
1. Jenazah
menika dipun samektakaken wonten ing ngisor udara kabukak ingkang dipun sebat kaliyan istilah
mepasah. Tiyang ingkang dipun makamaken kaliyan cara mepasah inggih menika
tiyang ingkang pejahipun sampun nggadahi keluwarga, tiyang ingkang tasih muda
lan tasih alit ingkang waosipun sampun medal.
2. Dipun
kubur utawi dipun kebumiake. Tiyang ingkang dipun kubur sasampunipun pejah
inggih menika tiyang ingkang awakipun cacat, utawi pejahipun wonten luka
ingkang dereng mari antawisipun sakit cacar, lepra, lsp.Tiyang ingkang pejahipun boten wajar kadasta dipateni utawi
mateni awakipun piyambak kedah ugi dipun kubur. Tiyang alit ingkang waos
susunipun dereng katingal ugi pejahipun dipun kubur.
Kangge
kaperluan pemakamanipun wonten ing desa Trunyan nggadahi 3 kuburan inggih
menika:
1. Sema
Wayah ingkang pemakamanipun kangge jenis
mepasah ( dipun samektakaken wonten ing nduwur lemah )
2. Sema
Bantas, ingkang pemakamaanipun kangge penguburan ( dipun kubur wonten ing njero
lemah 0.
3. Sema
Nguda, ingkang kangge 2 pemakaman inggih menika mepasah lan ingkang dipun kubur
syaratipun ingkang dipun kubur dereng akhir balik utawi dereng dewasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar