JAKA TARUB
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi
ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang
sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben
dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten
peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos
kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub
menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing
kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub
matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun
menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging
boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa,
menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub
boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung
Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun
ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub
taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene
ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub
sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika
punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu
menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten
widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang.
Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau
amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah
pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal
lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun
tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari
menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan
kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep,
menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun
naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang
Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak
ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi
kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun
klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi
sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih
lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen
kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan
wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang
Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan
manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara
kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi
Roro Kidul.
GATHUTKACA DADI
JAGONE DEWA
Gathutkaca kuwi putrane Raden Wrekudara, Ibune asmane Dewi
Arimbi. Raden Gathutkaca jenenge ora mung siji, jeneng liyane ya kuwi : Tutuka,
Purubaya, Arimbiatmaja, Krincingwesi, Guruputra, Surya Narada, Senaputra,
Bendarares. . Kasatriyane ing Munggulpawenang. Raden Harya Wrekudara duwe
sadulur lima sadheweke. Kang barep jenenge Puntadewa, angka loro Bhima, angka
telu Premadi ya Raden Harjuna, papat Raden Nakula Ian kalima Raden Sadewa.
Kadang lelima kuwi diarani Satriya Pandhawa. Pandhawa tegese putrane Prabu
Pandhu. Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko ing Negara Pringgadani. Tunggale ya
ana lima, yakuwi : Arimba, Arimbi, Brajadenta, Brajamusthi Jarnusthi Ian Kala
Bendana.
Nalika lair, Gathutkaca awujud buta. Raden Wrekudara
sakadang Pandhawa padha lingsem, dene duwe anak kok wujud buta. Penggalihe
padha susah. Mula, banjur ambudi daya bisane malih dadi bagus, ora wujud buta.
Cara saiki diusadani ngganggo oprasi plastik.
Kacarita, ing Kahyangan para dewa padha susah asline. Prabu
Pracona kepengin gawe rusake Kahyangan. Dielikake ora kena. Ditandhingi perang,
para dewi ora kuwawa ( kalah ). Sang Hyang Bathara Guru banjur nimbali kabeh
para dewa. Kabeh kadhawuhan ngupaya jago kang bisa ngundurake Kala Pracona,
syukur bisa nyirnakake memala. Kabeh ora oleh wewengan pangesthine Dewa, yakuwi
Bathara Narada, kadhawuhan nganglang jahad, bokmanawa ana satriya kang gentur
tapane, kuwawa nyirnakake Kala Pracona. Sang Hyang Narada terus budhal menyang
ngarcapada nggolek jago.
Satriya Pandhawa padha gentur tapa, honing tapa kang disuwun
muga sirnaa kang dadi memala. Mernalane yakuwi jabang bayi kang awujud reksasa.
Samono uga Dewi Arimbi. Dewi Arimbi gentur tapa sinambi nunggoni jabang bayine.
Putrane dijenengake Raden Tutuka. Saking gesturing tapane satriya Pandhawa, nuwuhake
gara – gara. Sang Hyang Narada weruh saka ngakasa tejane wong gentur tapa.
Langit kelap – gelap, bumine gonjing, gunung manggut – rnanggut. Segera kocak,
udan salah mangsa. Kaprabawan anane gara-gara, Sang Hyang Narada bae ora bisa
mudhun ing ngarcapada. Bareng priksa yen kang menu Brata Satriya Pandhawa, Ing
didhawuhi anjugarake tapane. Pangesthine katarima ing dewa. Panyuwune diijabahi
derung Bathara.
MANUK BLEKHOK LAN PENYU
Wonten
ing jaman rumiyin, ing telaga wonten salah sijining kewan kang urip yaiku
penyu. Manuk blekok uga urip wonten ing sakiwa tengening telaga. Kewan menika
dados konco ingkang celak sanget. Wonten ing sawijining dina wonten mapinten
pinten tukang golek iwak inglang badhe pados penyu saha ulam. Wonten ing wekdal
ngkang sami para penyu menika mangertos ingkang dipunngendikakaken saking para
tukang golek ulam menika. Lajeng penyu menika kandha kaliyan manuk blekok,”apa
kowe krungu kang diomongake dening para tukang golek iwak mau lan apa kang kudu
dilakoni saiki? ”
“aku
sakbisa bisane tak ewangi awak mu”.”aku wis kulina ngrasakke wektu wektu kang
medeni”. Kandha si penyu.
Dadi
isa apa ora kowe ngewangi aku lunga seko telaga iki?”
“Ananging
cara iki ora aman kanggo awakmu yeng kowe namung mbrangkang saka telaga iki
menyang telaga liyane?”. Kandha si manuk blekok.
“ya,
kowe isa ngangkat aku ora lan nunut awakmu mabur kanggo pindhah ing telaga
liyane” kandha si penyu karo raine seneng banget.
“Piye
carane?“ pitakone manuk blekok.
“Kowe
golek pang uwit kang wis gagrak saka wit lan ceker mu nyekel pang kuwi, mengko
aku nyokot pang kuwi mau. Salajenge yen kowe mabur aku iso melu karo kowe.”
Kandha si penyu.
“Wah
apik tenan kuwi”. Kandha manuk blekok. “ananging ya, medeni banget kuwi yen
kowe ngomong rikala mabur, kowe isa tiba.”
“Apa
kowe ngira aku bodho pa?” pitakon penyu.
Lajeng
wektu blekok iku mabur sinambi ngangkat si penyu nganggo pang kayu. Dheweke
ketok karo wong wong kang lagi angon sapi ing ngisor.
Amarga
kaget, para wong kang angon iku ngomong,” wah kok aneh banget kae. Delokken
kae! Manuk kang lagi nggawa penyu ing telaga liyane.”
“Wah,
yen mangkono penyu kae iso tibo iso dinggo bakaran. ” kandha salah sijining
angon sapi.
“Aku
arep tak dadekake dai cilik cilik terus tak pangan,” kandha wong angon sapi
liyane.
Krungu
saka suarane para angon sapi kang panas ana ing kuping, penyu lali menawa penyu
lagi nyokot pang kayu kang lagi digawa mabur karo manuk blekok langsung mbengok
nesu. “kowe arep mangan aku!”
Dheweke
pas mbukak tutuke,dheweke lali anggone nyokot pang kayu mau lan dheweke tibo
kebanting ing lemah saha dijukuk para angon sapi lan langsung dibakar.
Manuk
blekok ora kuwat nyawang penyu kang mati kedahipun penyu mirengaken wasita
saking manuk blekok supados mboten buka tutukipun.
Mila
wasita ingkang sae menika kedah dipun tindakaken.
JIWA SENI ING SANUBARI SLAMET HARYADI TANSAH MUBAL
Foto Bp. Slamet Haryadi ingkang nembe dados dalangBapak
Slamet utawi jangkepipun Bapak Slamet Haryadi S.pd ingkang gadhah raos jiwa
seni wonten salebeting sanubari ingkang sampun rinaket kawit rumiyin.
Kelairanipun Bapak Slamet Haryadi menika wonten Gunung Kidul, 12 september 1953
ingkang asli saking tlatah dhusun Wiladeg, desa Wiladeg karangmojo Gunung Kidul
Yogyakarta.Bapak Slamet Haryadi kawit cilik menika ngangsu kawruh wonten ing SD
taun 1966. Lajeng dipun lajengaken wonten ing SMP taun 1969 saha wonten SMA
taun 1972. Amargi pendidikan menika wigati sanget tumrap bapak Slamet Haryadi
nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing IKIP Kristen Satyawacana
Salatiga taun 1976, mboten mandeg wonten ing sarjana muda bapak Slamet Haryadi nglajengaken
anggenipun ngangsu kawruh wonten ing IKIP Yogyakarta taun 2000 ingkang samenika
sampun dados UNY.Saking ngangsu kawruhipun bapak Slamet haryadi menika kathah
ngelmi-ngelmi ingkang dipun angsalaken saking penidikan utawi jawi pendidikan
kangge dipun cak – cakaken dening bapak Slamet Haryadi saha wonten panggesangan
social. Alhamdullilahipun amargi saking menika wau bapak Slamet Haryadi saged
dados guru wonten ing SPG BOPKRI Ponjong saking taun 1976-1991 lajeng dipun
pindah wonten ing SMA Bhinakarya II Wonosari 1991-1992 namung setunggal taun.
Bapak Slamet ingkang gadhah dedikasi menika dipun pindah saking guru dados
Penilik Kebudayaan Kandepbud Gunungkidul taun 1992 – 2001 (9 taun). Lajeng
dipun pindah dados Kepala Cabang Dinas Pendidikan Kecamatan tepus saking taun
2001 – 2007. Wonten ing lampahing wekdal Bapak Slamet Haryadi menika
dipundadosaken Kepala UPT TK / SD kecamatan Gedangsari saking taun 2007 ngantos 2009 lajeng dipunpindah wonten ing Semanu inggih taksih
sami jabatanipun inggih menika dados Kepala UPT TK / SD saking taun 2009 ngantos purna inggih ( 8
sasi ).
Wonten ing panggesangan saking pendidikan, bapak Slamet
Haryadi menika inggih remen kaliyan donya seni budaya saking dhalang, tari,
wayang uwong, saha mlebet organisasi ingkang taksih wonten gegayutanipun
kaliyan seni budaya. Gegandhengan bapak Slamet Haryadi menika “Multitalenta”
wonten ing dalemipun pak Slamet menika wonten sanggar pedalangan pangalasan
ingkang samenika deados Pembina saha pendiri saking taun 1999 ngantos samenika.
Sasnesipun dados pendiri sanggar
Bapak Slamet menika inggih tumut Dalang wayang Purwa saking taun 1984, dalang
wayang Beber saking taun 2003, Pelestarian kethek Ogleng, pengurus PEPADI
(persatuan pedalangan Indonesia)Komda Gunungkidul, pengurus Dewan Kebudayaan
kabupaten Gunungkidul, Pengurus Dewan kesenian kabupaten Gunungkidul. Wonten
ing wekdal – wekdal punika asring pentas ringgit tiyang wonten ing taman
budaya,Ngayogyakarta saha pentas kethek Ogleng wonten ing kitha – kitha ageng
(Jakarta, Surabaya lsp.) . Saking menika wau Para guru MGMP kabupaten
Gunungkidul menika asring latihan wonten ing sanggar karawitanipun bapak
slamet.Saking kenthelipun saha remenipun wonten ing donya seni kabudayan menika
bapak Slamet Haryadi wonten ing tanggal 12 ngantos 15 januari 2008 menika
dipundadosaken Duta Seni Indonesia wonten ing Myanmar wonten ing acara Festival
wayang ASEAN inggih menika Pentas Wayang Beber. Saha Pikantuk penghargan saking
Menteri Kebudayaan dan Pariwisata Republik Indonesia taun 2008, 10 Desember
dados Pelestari dan Penembang Warisan Budaya.
KATHOK KODHOK
Ponakanku sing cilik dhewe lagi
nangis. Tangise ora
kaya biyasane. Iki
gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang.
Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake
liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut
sinau nyiapake ujian komprehensif.
“Kang Letug, tulung ya, dijaga
anakku iki.
Dineng-nengi ben ora
ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho.” Panjaluke
adhiku wadon iki.
“Ya, dak neng-nengane.” Aku banjur
mlaku nyedhaki
ponakanku sing umure
durung ana limang taun.
“Udah yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan
kasihan kalau
adik nangis
terus..” Aku omong nganggo basa Indonesia.
Pancen bocah jaman saiki basa jawa
sing alus ora padha
ngerti. Mulane
ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah
luwih akeh padha
nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba
nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora
seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.
Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang
wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawa
Mama.
“Kenapa menangis terus Teta? Apa
karena dinakali
Mama?”
“We…weeee… Teta mau dibelikan baju
baru
…we…wee..”
Teta jenenge ponakanku mau, kepengin
ditukokake klambi
anyar. Mbok
menawa bapak ibune mung durung sempat wae.
“Besok Pak Dhe belikan ya…mau
enggak?”
Krungu jawabanku mau, dheweke banjur
ketok lega.
Ngusap luh neng
pipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.
“Besok Pak Dhe belikan yang namanya
celana kodok ya?
Tahu enggak kamu?”
Jawabane ponakanku mung
gedhek-gedhek. Ora ngerti apa
kuwi sing jenenge
kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok
kodhok kuwi
istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok
kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok
dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget
tur ora mlotrak-mlotrok.
Aku banjur crita marang ponakanku
ngenani kathok
kodhok kuwi.
Sawatara crita bab kathok kodhok,
pikiranku kelingan
dhek jaman semana
aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan
ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging,
blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku
ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret….
preet…. preeet…. banjur ambune wah…jan ora
karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok:
“Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!” Mboko siji
kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup
irunge.
Aku mung bisa nangis nggugug
ditinggal kanca-kancaku.
Aku nangis merga
kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran
saka wetengku.
Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki
aku ora liya ya
ibuku. Aku ora
dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur
dicandhak digawa
menyang wc.
Ibuku ora wegah ngresiki regedanku.
Ibuku ora wegah
nyedhaki ambune
regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki
aku. Ibuku ora
duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku
banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing
isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
Kelingan pengalaman mau, aku mung
bisa ngguyu dhewe.
Kathok kodhokku
sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu
gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.
Yen ing kulawarga isih ana ibu sing
bisa gumuyu,
ngresiki reregedaning
anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh
sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding
urip bebrayan.