Amarga Salah Paham [Cerkak
Basa Jawa Ngokoan]
OPINI | 21
February 2012 | 10:40
Dibaca: 7574
Komentar: 33
3 menarik




acclaimclipart.com
Sawijining dina…
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing
kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina
ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging
uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane
bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, aku lihat-lihat wis rong dina
iki koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya
karo Pandu?” pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul
“ora koq Yud, ora ono apa apa”
jawabe Pras singkat
“ayolah Pras, ora usah ngapusi
..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan
mmungkin wae aku bisa bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem
crita
“Yud, sebenere pancen
aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe
koq, mosok buku diktat sing disilih Pandu ki ngakune wis dibalikke
seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu
ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan
nggregetke tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa
“ooo…ngono to Pras, tapi memang nya
sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu
bukunya ketlisut dimana gitu?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
“apa kowe ya nuduh aku pikun, lali
ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono
“yo nggak gitu, aku kan cuman
nanya…sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu
kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?” pitakone Yudha
“yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae
ning nggonku Yud” jawabe Pras
“iya deh…sip. sampai ketemu ngko
sore yo pras”
***
Sejam sakdurunge….
“dadi ngono critane Yud,
mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq
pas aku dolan ning omahe“
“ooh gitu critanya Pan..hem mungkin
saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo” ujare
Yudha
“lagian Pras iku kan lalinan Yud,
kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi
ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora
njaga amanah to”curhate Pandu maneh
“ya sudah kalau gitu, nanti sore
kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin
masalah ini biar selesai, gimana?”
“yo wis aku melu wae Yud, aku yo
bakal ngganti bukune yen pancen ora ono”
***
sore iku ing omahe Pras
“Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul
buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo
sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak
temu pas resik resik kamar…..maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke” Pras
ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“wah syukur nek ngono Pras, aku ki
yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke
awakmu….kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“he em ora ming kekancan tapi
seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“nah gitu donk…kalian kan sahabat
baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini” Yudha
katon seneng amarga usahane kasil
“maturnuwun y Yud…kamu memang baik
hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“okeee…sama-sama yuk….sinau bareng e
ndang dimulai”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar